S.H.E

S.H.E

Hebe, Ella, and Selina (from left to right) in Hong Kong during their Perfect 3 tour.
Asal Republic of China (Taiwan)
Jeneng liya 女朋友 (Hanyu Pinyin: nǚ péngyǒu; "Girl Friends")
Pakaryan Singers, actresses
Genre Mandopop
Label(s) HIM International Music
EMI (PRC, Singapore)
WOW Music (HK; 2007–present)
Avex Asia (HK; 2001–2007)
Taun aktif 2001–present
Current Members Selina, Hebe, Ella
Dipengaruhi déning Sweetbox, i.n.g,
Situs resmi www.him.com.tw

S.H.E iku grup musik saka Taiwan kang kondhang ning nagara Asia kaya ta ning RRC, Hong Kong, Taiwan, Malaysia, Filipina lan Singapura, anggotané ana telu, ya iku Selina Ren, Hebe Tian, lan Ella Chen.[1] ya iku grup musik saka Taiwan kang anggotané wong telu kang ayu-ayu.[1] ya iku, Selina Jen, Hebe Tien, lan Ella Chen.[2] Jeneng grup musik iki dijukut saka aksara kaping pisanan saka jeneng-jenengé wong telu mau.[1] Diwiwiti digawé nalika wong telu mau meluni ajang kontès nyanyi lan dadi pamenangé ya iku Jen kang nuli langsung nanda tangani kontrak rekaman.[1] Tien lan Chen kang nalika iku uga dadi finalis mèlu nggabung lan akiré mbentuk grup musik kang jenengé S.H.E.[1] Katelu anggota mau kang esih enom nambah kesan enerjik kang nyenengaké lan karakter vokal saka wong telu mau kang béda ditambah karo penam[pilané kang ayu-ayu lan tambah ayu énggal tauné.[1]

Awit ngerilis albumé kang kaping pisan ya iku album kang judhulé GIRLS DORM, gruup musik iki langsung lumebu ning nominasi dadi artis anyaran kang paling apik ning ajang 13th Golden Melody Awards ning taun 2001, nganti saiki S.H.E wis ngrilis 12 album lan bisa ngedol nganti 15 yuta copy.[1] Produksi albumé ana ning ngisoré label HIM International Music kang akiré dilanjutaké maring label rekaman kang béda , kang bisa ngenalaké grup musik iki nganti kondhang ning Hong Kong, Singapura, lan Cina.[1] Grup musik iki uga tau mainaké peran ning seri drama télévisi, host ning variety shows, lan ngontribusikaké 10 tetembangan dadi sountrack ning 6 drama.[1] S.H.E njurung punjul 30 perusahaan lan dadi bintang iklan ning produk kaya ta Coca-Cola lan World of Warcraft.[1]

Ning sasuwené njegur ning donya musik, ning taun 2001, S.H.E ngelaksanakaké tour kaya ta ning Shanghai lan Hong Kong, Albumé dirilis nggal taun nganti ning taun 2007 ngerilis album kaping sepuluhé grup musik iki ngerilis album kang judhulé PLAY kang bisa ngeraih 150.000 copy kaedol ning patang dina sawisé dirilis.[1] Album iki uga anggawe S.H.E mlenu ning nominasi lan olih bebungah artis wanita paling kondhang ning ajang 18th Golden Melody Awards.[1] Ning taun sawisé iku, S.H.E ngtokaké album kang kaping 11, judhulé FM S.H.E.[1] Taun 2010, ngerilis album SHERO.[1][2] Grup musik iki uga ngelaksanakaké tur ning Taiwan lan Beijing.[1][2]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o berita S.H.E dipununudh tanggal 22 Agustus 2011
  2. a b c berita S.H.E dipununudh tanggal 22 Agustus 2011

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search